![]() |
| Dongeng Bahasa Jawa Kancil dan Merak |
Berikut cerita dongeng bahasa jawa dengan judul kancil dan merak, bagi adik2 yang dapat tugas dari Bapak / Ibu guru mencari dongeng berbahasa jawa, silakan langsung di comot..eh di copy maksudnya....^_^
Merak pancen seneng macak. Mula tansah nengsemake. Wulune katon edi, gawe resep kang padha nyawang. Mula ora sithik tangga-teparo padha mara nyang omahe Merak saperlu sinau ngadi busana lan ngadi salira. “Aku pengin supaya bisa nduweni sandhangan wulu kaya kowe, Rak,” ujare Kancil marang Merak. “Sandhangan wulu kang tememplek ing awakku iki paringane Gusti Kang Akarya Jagad. Aku mung tinanggenah ngrumat lan njaga supaya tetep katon endah,” wangsulane Merak kanthi sareh.
“Anggonku seneng dandan lan ngupakara kaendahan iki mung wujud rasa syukurku marang Gusti!” bacute tanpa linandhesan rasa umuk.“Supaya wuluku bisa dadi kaya wulumu, piye carane?” pitakone Kancil. http://h-e-r-u.blogspot.com/
“Tangeh lamun, Cil! Aku-kowe ki mung saderma nglakoni. Apa kang dadi peparinganing Pangeran kudu tinampa kanthi ati segara,” wangsulane Merak. “Karo maneh kabeh sing tememplek ana saranduning badan iki, mesthi piguna marang awake dhewe. Kang ana ing aku ora durung mesthi ana ing kowe, semono uga kosok baline, Cil. Wulu soklatmu kuwi mesthi piguna tumrapmu!” Dongeng Bahasa Jawa
Nanging Kancil sajak wingi nyawang kaendahan wulune Merak. “Piguna apa?” Sawise megeng napas sawetara banjur nggrundel, “Senajan piguna, nyatane wuluku letheg! Aku luwih bungah yen wuluku bisa kaya wulumu! Saben kewan ora sebah nyawang!”“Kuwi rak mung saka panggraitamu dhewe. Nanging ora kok, Cil!” sahute Merak. “Sebab saben kewan ginaris dhewe-dhewe! Uga bab wulu! Wulu-wuluku kaya ngene, wulu-wulumu kaya ngono, wulune Macan, wulune Gajah, lan sato kewan liyane ora ana sing padha!” Dongeng Bahasa Jawa
Senajan akeh-akeh Merak anggone ngandhani, nanging ora bisa mbendung pepenginane Kancil nduweni wulu kaya wulu Merak. “Sakarepmu anggonmu kandha, Rak! Mung aku njaluk tulung supaya aku bisa nduweni wulu kaya kowe!” kandhane Kancil setengah meksa.
Merak gedheg-gedheg gumun karo kekarepane Kancil. “Saupama bisa, terus mengko kowe dadi kewan apa?” pitakone Merak.“Kewan apa wae terserah sing arep ngarani! Mung kira-kira bisa ta, Rak?” pitakone Kancil ngoyak, ora sabar.“Bisa wae, nanging mung imitasi! Pasangan!”“Ora masalah!” Kancil bungah. “Ndang dipasang!” panjaluke kesusu.“Ya sabar, Cil! Aku kudu nglumpukake bodholane wuluku lan wulu-wulune wargaku.”“Terus kapan?”“Udakara rong mingguan.”“Tak tunggu, Rak, ujare Kancil banjur nerusake lakune. Merak mung nyawang kanthi mesem, “Cil, Kancil. Yen duwe kekarepan kok ngudung, tanpa metung tuna lan bathine. Kudu tak udaneni kekarepane, ngiras kanggo menehi piwulang marang dheweke.”Tekan dina sing dijanjekake, esuk uthuk-uthuk Kancil
wis tekan omahe Merak. “Piye, Rak? Iki
wis rong minggu!”“Beres!” jawabe Merak karo nata wulu-wulu sing
wis diklumpukake, “Gilo! Wulu-wulu
wis mlumpuk, malah Dongeng Bahasa Jawa
wis dakdhewek-dhewekake! Wulu awak, wulu swiwi, wulu buntut, aku uga
wis golek tlutuh wit karet barang minangka kanggo nemplekake ing badanmu!”“
Wis gek ndang dipasang nyang awakku!” ujare Kancil karo lungguh dhingklik sacedhake Merak.Merak banjur ngoser-oseri kabeh kulite Kancil nganggo tlutuh karet. Bareng kawawas
wis ora ana sing keri, baka siji Merak nemplekake wulu-wulu nut karo kebutuhane. Wulu gulu ditemplekake ing gulu, wulu awak ing awak, wulu sikil ing sikil, dene wulu buntut uga dipasang ing buntute Kancil.Sedina natas, kabeh wulu
wis kapasang ing kulite Kancil.“Rampung, Cil,” ujare Merak mesem. “Kae ana pengilon, ndang ngiloa!”Kancil banjur ngilo. Weruh kahanan awake, dheweke mongkog, “Iki sing dakkarepake!” celathune. “Aku bakal dadi salah sijining kewan kang paling endah!”“Bener kandhamu, Cil. Tur ora ana sing madhani!” Merak mbombong. “Mung aja nganti kaendahan mau malah ngreridhu lakumu,” bacute ngelingake.“Ngreridhu piye to? Wong apike kaya ngene kok ngreridhu. "Lho, wulu wulu kuwi mung templekan. Cetha bakal ngebot-eboti awakmu!” Kancil ora nggagas, malah gage pamitan. http://h-e-r-u.blogspot.com/
Wis, Rak. Aku pamit! Lan nedha nrima awit saka kabecikanmu, aku selak pengin mamerke kahananing awakku saiki!”“Sing ati-ati Cil, ” kandhane Merak karo nguntapake Kancil metu saka omahe.Metu saka platarane Merak, Kancil mlaku lon-lonan. Bokonge digidal-gidulake, pamrihe supaya bisa mamerake wulune kang apik tur edi. Saben ketemu sato, Kancil tansah mesem karo aruh-aruh sombong. Dene sing diaruhi uga genti mesem, mung eseme esem geli. Geli amarga weruh kahanan kang ora lumrah. Nanging tumrap Kancil esem mau tinampa beda, “Kabeh kewan padha kesengsem lan kepincut karo aku,” ujare jroning ati.Nanging sengsem, edi, lan endah mau ora suwe. Bareng tlutuh karet mau garing, kulite Kancil dadi kaku nyekengkeng. Akibate sikil, gulu, lan buntute angel diobah-obahake. Kancil mung bisa njegreg ngececer, ora bisa lumaku. “Tulung! Tulung! Tuluuung! Tuluuuung....!” pambengoke sabisa-bisane.“Ana apa to Cil?” pitakone Merak krungu pambengoke Kancil. “Gage tulungana aku, saranduning badanku angel diobahake!”“Kabeh wulu sing nemplek ing awakmu kudu dicopot kabeh, kowe gelem?”“ Gelem Rak!” ujare Kancil nglenggana marang apa sing
wis dilakoni. Dheweke eling menawa kabeh paringane Gusti mono kudu tansah disyukuri. Apik, edi, lan endah tumraping sesawangan kadhang bisa ngganggu utawa mbilaheni.
Alon-alon, Merak mbubuti wulu sing wis kebacut kraket ing awake Kancil. Senajan ngrasakake perih amarga sebagian kulite ana sing katut thethel, Kancil mung mringis-mringis karo ngempet lara. Ora sambat. Ndhadha tumindake kang salah merga mung nuruti karepe dhewe, tanpa metung tuna lan bathine.
Demikian cerita / dongeng bahasa jawa dengan judul Kancil Dan Merak
Semoga bermanfaat....
Boleh copy paste asal menyertakan link aktif ke postingan ini.
Lihat juga
Dongeng Bahasa Jawa (Cinderella)
Dongeng Bahasa Jawa (Timun Mas)
Cara Membuat Daftar Isi di Blog
Cara Membuat Sitemap di Blog Secara Otomatis
ahgshgsg1541hgdf4h56gfdg6f8s6gh6sdg85s68h6sr84sah6rehsh sg4sryh s56ty454mpqazx
Home
Download
Lagu













42 komentar:
blogwalking :)
salam kenal...
good
funny...
ok thanks
hmm... ye.. la
ok banget
ikut dong
is very good
mau dong
oke banget
ada yg laen ng'?
bagus bgt!!!!!!!!!!!!!!
jos
keren euy,,,,
bagussssssss
mantaap bos
sngt oke!!!!sosweet bngt!!!!
apik tenen eehh critane
wes sip banget lek di gawe ngerjakake tugas b. jawa
pasti bu guru seneng karo critane kancil lan merak
mulane bu guru ngongkon gawe crita seng apik
Apik lan seru ... ! ^_^
ijin mau di copy paste ya, lagi ada tugas nih
ra kenek di copy
ijin , boleh di copy paste tidak ya .?
karna saya ada tugas ..
bagus bagu
ijin ya copy paste tugas ku sulit banget
keren
Boleh copy ya...
tugasnya susah .....
Thanks:)
@rensi florensia dan semua yang ingin copy, silahkan di copy. Untuk yang kesulitan mengcopy, matikan dulu javascript di pengaturan browser. Lalu muat ulang halaman ini, dan tulisan siap di copy.
wew apik apik
wew apikkkkkkkkkkkkkkkkkkkkk baud critannyyyya
THANKS DOngeng Nya. !!
wow
keren mz brow
keren mz brow
bagus
oke
Diakehi nggone nulis crita basa Jawa, sokur bage dibukokake. Basane sing gampang wae,ora usah nganggo tembung-tembung sing angel ditampa bocah,conto : saranduning, tuna,ngreridhu,lsp.Golek buku crita basa Jawa ing Jogja utawa Sala wae angel banget,apamaneh ing liya panggonan. Sugeng nyerat,mas!
makasih
kok nggak bisa di copy??
matur nuwun :) ijin copy bwat kerjakan tugas :D
matur nuwun nggih .. kula ijin badhe nyalin kagem ngerjakne tugas ..
KEREN BNGET
ma kasih pas dapat tugas trims
Poskan Komentar
Silahkan berkomentar dengan sopan dan menggunakan bahasa Indonesia yang baik. Terima kasih atas kunjungannya.